Welcome to the blog that "full feeling" . given that they need from what we have, and begin to share for the welfare of others

..blog to share of sense

Jumat, 16 Desember 2011

Contoh Pambagyaharja Bahasa Jawa
(Pambagyaharja Ketua dalam acara Rapat Pemuda)


Setelah kita memahami tata urutan atau sistematikan sesorah, maka selanjutnya kita tinggal merangkai kata-kata sesuai dengan tata urutan tersebut. Cara perangkaian kalimat sebenarnya dapat dikatakan bebas asal tetap tunduk pada aturan tata bahasa Jawa yang benar.
Berikut ini saya contohkan bagaimana penerapan ucapan atau kalimat sesorah untuk setiap urutan. Namun perlu dipahami bahwa apa yang ditulis dalam kolom “Contoh Kalimat Sesorah” di bawah ini bukan harga mati. Ini hanya merupakan contoh sederhana namun sudah memenuhi standar. Jadi apabila pembaca ingin merubah istilah atau kalimat dalam contoh ini sangat dipersilahkan.

Contoh sesorah Pambagyaharja Ketua Pemuda dalam Rapat/Pertemuan Organisasi Pemuda yang membahas akan adanya kegiatan / gerakan pengolahan sampah.




Kerangka Sesorah
Contoh Kalimat Sesorah
1.      Uluk salam / menyampaikan salam

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

2.      Atur Pambuka / salam pembuka

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
(bisa ditambah kalimat dengan tujuan untuk memperjelas maksud do’a tersebut (=bukan terjemahan dari do’a itu) misalnya :)
Mugi sih wilasa saha barakah dalem Gusti Allah SWT tansah karentahna dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula ing wekdal punika dumugi sak lami-laminipun.

3.      Nyebat Tamu / menyebut tamu yang hadir
Diumpamakan tamu yang hadir meliputi, sesepuh masyarakat, pejabat lokal, tokoh masyarakat dengan berbagai profesi dan jabatan, orang tua laki-laki dan perempuan, serta pemuda.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para bapak sumrambah saha para ibu tokoh masyarakat ingkang minulya;
Boten kesupen dhumateng kadang wredha tuwin mudha, nun inggih pengurus saha anggota (nama organisasi), ingkang tansah kaantu-antu kiprah saha bektosipun kinarya labet negari minangka jejering taruna.

4.      Atur puji syukur sarta amit-amit / memanjatkan syukur dan mohon ijin

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT dzat ingkang akarya jagad, ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Para Bapak, para ibu saha para rawuh ingkang minulya. Keparenga kula nyadhong deduka, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, inggih sadremi minangkani menapa ingkang dados panuwun saking kadang pranata adicara ing wekdal punika. Salajengipun keparenga kula nyuwun idi palilah panjenengan sedaya, kinarya matur minangka wot lumarabing atur saking para kadang kula pengurus sumrambah sedaya anggota …….. (nama organisasi)

5.      Wigatining atur / inti pembicaraan

Atur ingkang angka sepisan.
Senajan kepara kasep, keparenga awit naminging pengurus ngambali atur sugeng rawuh dhumateng para bapak, para ibu saha para sedherak sedaya, saha ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng rawuh minangkani atur panyuwun saking pengurus lumantar serat undangan.
Sak lajengipun awit namining pengurus nyuwun pangapunten mbok bilih anggenipun ananggapi saha angacarani rawuh panjenengan sedaya kirang mranani ing penggalih.
Boten kesupen awit namining pengurus ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kulawarga Bapa/Ibu …..(tuan rumah), ingkang sampun kepareng maringaken papan saha anyamektaaken samukawis, ingkang sedaya menika saget ndadosaken lancaripun pepanggihan ing wekdal punika.
Atur ingkang angka kalih,
Menggah wigatosing pepanggihan ing wekdal punika, inggih kados ingkang sampun kaserat wonten ing serat undangan ingkang sampun kaaturaken. Bilih kula sak rencang ing wekdal kepengker sampun sarembag gadhah pepenginan wontenipun satunggaling pakaryan, inggih menika badhe mujudaken pirantos pengolah sampah, saha pakaryan ingkang arupi pemanfaatan sampah ingkang kaangkah badhe karacik dados barang kerajinan. Wondene ngegingi beya kangge mujudaken pepenginan menika saha lumampahipun pakaryan ing samangke, kula sarencang sampun sarembag badhe nyuwun bantuan pehak sanes ingkang ing titiwanci menika ugi sampun kepareng rawuh lan sampun lenggah ing madyaning pepanggihan menika. Mila saking menika, ing wekdal musyawarah menika mangke, kasuwun dhumateng para bapak, para ibu tokoh masyarakat kepareng paring pamanggih, iguh pratikel lan pangandikan sanesipun ngengingi angen-angen kula sak rencang. Sak dereng lan sak sampunipun dipun aturaken agunging panuwun.

6.      Pengejeng-ajeng lan pangajak /  permohonan dan harapan

Para rawuh ingkang tansah kula hormati.
Sak lajengipun keparenga ugi awit namining pengurus saha anggota, kula tansah nyuwun bimbingan dhumateng para sesepuh lan tokoh masyarakat langkung-langkung para bapak tuwin ibu minangka suhing warga ing kukuban mriki. Kula sak rencang tansah ngantu-antu paringipun panyaruwe saking panjenengan sedaya, jer sedaya menika kangge kemajengan kula sak rencang. Ing pangajab, kanthi wontenipun bimbingan, pitedah saha panyaruwe menika saget minangka sangu kengge majengipun organisasi ingkang tundhonipun saget manfaat dhumateng masyarakat.

7.      Atur panutup / kata penutup

Para bapak, para ibu saha para sedherek ingkang kinurmatan. Mekaten menggah atur kula minangka wot lumarabing atur saking sedaya pengurus. Kula klenggana bilih sak dangunipun kula matur, kathah atur saha tindak-tanduk kula ingkang kirang nuju prana, inggih sedaya awit kiranging seserepan kula ing babagan tata basa tuwin tata krami. Ingkang menika mugi para rawuh paring pangapunten.
Wusana, cekap semanten. Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wa barakaatuh.


Demikian, semoga bermanfaat....!!

LESTARIKAN BUDAYA JAWA


Tidak ada komentar:

Posting Komentar